Oleh: Khrisna | Februari 20, 2009

Lho Kog Ngono…

Oh.. yogéné saiki tak lakoni
Lali tanggal… lali dina
Sing ana mung awan klawan bengi
Mangan turu panggawéyané blaka

Kétho’é wis dadi sarjana
Wis wayahé dadi manungsa
Ééé. Jebulé isih nganggur mung tekar tekur…
Lali marang janjiné sing kepungkur

Pirang-pirang sasi mung dadi kéré
Isoné ngrokok yo mung ting-wé
Ora kerja, mung meneng waé
Sampék kapan kowé kaya ngéné ???

Umurmu saiki wis ngancik gawé
Apa ora pingin ndhang cepet rabi
Gethun mburi ora ono paédahé
Mesak’aké loh… ”bocahé” kesuwén ngenténi

ting-wé = nglinting dhéwé


Tanggapan

  1. ngena-ngene dak lakonane dhewe
    wong nyawang ‘pa melu ngrasakke
    nanging sing samesthine
    poma aja wigah-wigih ngupaya pangruwating papa
    kanthi ora lali dedonga
    lan nyuwun ngapura sing kalangkung
    marang bapa biyung


Tinggalkan komentar

Kategori